Sekar macapat-Suluk Syeh Ngabdul Salam

12.14

Dalam tag label macapat ini saya akan menyalin Suluk Syeh Ngabdul Salam yang terangkum dalam pupuh tembang macapat. Isi dari tembang macapat ini tentang petuah keagamaan yang memiliki makna sangat dalam, perlu perenungan untuk bisa menyerap semua yang terkandung dalam pupuh-pupuh macapat ini. Semoga memberikan manfaat bagi kita semua terutama untuk mempertebal keimanan kita kepada Tuhan Yang Maha Esa.

ASMARADANA bagian 1

1.       Rasaning ngelmu winardi,
Densawung sekar macapat,
Mastawaa sarahsane,
Widadaning kasampurnan,
Raracikaning rasa,
Kulinakna kang satuhu,
Sumawana pralebdakna.

2.       Ulun miwiti amuji,
Ngluhurken asamaning Allah,
Kang murah ing dunya kabeh,
Kang pinuji tan pegat,
Angganjar kang kawlas ayun,
Mring sakehing kawulanya,

3.       Ping kalih ulun memuji,
Mring Kanjeng Nabi Muhammad,
Salalahu Wasalame,
Kang marentah ing sarengat,
Tur nabi sinung rahmad,
Pangulu sakabeh rusul,
Kekasihira Hyang Suksma.

4.       Sigeg gupitaning puji,
Wonten sajuga pandhita,
Syeh Ngabdul Salam wasatane,
Mratapa neng jroning pura,
Lamine tan winarna,
Tinarima ing hyang agung,
Kinabul sesedyanira.

5.       Nuju sineba ing siwi,
Rahaden Sasrawidagda,
Sang tapa lun andikane,
“kulup den kepareng ngarsa”
Raden majeng wot sekar,
Sarwi umatur “Pukulun,
Mugi paringa piwejang.

6.       Kawula nuwun udani,
Pratingkahe tiyang asalat,
Kakekat lan makripate,
Sarengan lawan tareqat,
Kang kawengku ing salat,
Kawula nuwun pituduh”
Sang tapa alon ngandika.

7.       “Ingkang dhingin iku tebir,
Wicara perlune salat,
Mangka wolulas kathahe,
Kaping kalih aran niyat,
Kawengku jroning ekhram,
Iku kurupe wewolu,
Kang lapal allahu akbar.

8.       Kang dhingin aksara alip,
Alip kamil aran ira,
Lam awal kaping kalihe,
Mertabate akadiyat,
Lam akir kaping tiga,
Mertabat wahdat dumunung,
Sastra ehe ping sekawan.

9.       Wakidiyat kang wewangi,
Alip kang kaping limanya,
Mutakalimun wakite,
Kang kaping nem kab kabirah,
Pitu be rububiyah,
Re rapingul derajat kun,
Sampun jangkep kurup asta.

Previous
Next Post »
JustForex